Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 11:2 - Kitab Sutji

2 Menehana panduman marang wong pitu, malah marang wong wolu, amarga kowe ora sumurup, kasangsaran apa kang bakal kelakon ana ing bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 11:2
22 Iomraidhean Croise  

Sang Nehemya yaiku kepala dhaerah, karo Imam Ezra, ahli kitab sarta para wong Lewi kang mulang marang wong-wong mau, banjur padha ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Dina iki dadi sesengkerane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu. Kowe aja padha prihatin, lan aja nangis.” Amarga wong kabeh padha nangis, nalika krungu surasane Toret.


Mulane tumrap wong Yahudi ing padesan, lan kang padha manggon ora nganggo balowarti, tanggal ping patbelas ing sasi Adar iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan sarta dina sukarena tuwin dina kirim-kiriman paweweh.


amarga ing dina iku wong Yahudi padha luwar saka ing tanganing mungsuhe, lan iya ing sasi iku anggone kasusahan malih dadi kabungahan, tuwin dina tangisan dadi dina gambira; dina iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan lan dadi dina kirim-kiriman pangan sarta dina dedana marang wong miskin.


Sajroning karubedan nem warna kowe mesthi dipitulungi, bareng tekane kang kapitu ora nganti ginepok ing cilaka.


Blaba pawewehe, adedana marang wong miskin, kamursidane tetep ing salawas-lawase, sungune bakal saya dhuwur ing sajroning kamulyan.


Sing sapa melasi marang wong kang ringkih, iku motangake marang Pangeran Yehuwah, Panjenengane kang bakal males panggawene iku.


Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah, malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe;


Manawa mendhung ngembeng banyu udah, udah iku banjur diesokake ing bumi; lan manawa ambruking wit iku mangidul utawa mangalor, wit iku nuli tetep gumlimpang ana ing panggonane ambruke.


Mulane manawa ana wong kang dawa umure, cikben seneng-seneng ing sajroning kaanan mangkono iku, nanging wong mau elinga marang dina-dina kang peteng, awit iku akeh cacahe. Samubarang kabeh kang teka iku tanpa paedah.


Elinga marang kang nitahake kowe ing sajrone isih anom, sadurunge satekane dina-dina kang ala lan taun-taun, kang kokkandhakake mangkene: “Ing nalika iku aku ora duwe kasenengan!”,


Awit saking punika, dhuh Sang Prabu, mugi unjuk pamrayogi kawula punika ndadosna ing keparenging panggalihipun gusti kawula: gusti kawula mugi karsaa ngicali dosa kanthi patrap nindakaken kaadilan, saha ngicali kalepatan kanthi patrap paring sih-piwelas dhumateng tiyang ingkang katindhes – bokmanawi kasugenganipun gusti kawula badhe kalestantunaken!”


Iku bakal padha nyukur nagara Asyur kalawan pedhang, lan nagarane Nimrod srana pedhang ligan, sarta bakal nguwalake kita saka ing Asyur samangsa dheweke lumebu ing tanah kita sarta ngambah ing tlatah kita.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “PituturKu marang kowe: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.


Yen ana wong njejaluk marang kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep utang marang kowe.”


Saupama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta pratela: Aku kaduwung, iya kudu kokapura.”


Para sadulur, yen ana wong kang tinemu nglakoni panerak, kowe kang kasukman, kudu nuntun wong iku marang dalan kang bener kalawan budi kang sareh, karo njaga awakmu dhewe, supaya kowe uga aja kena ing pacoban.


lan gunakna wektu kang ana, awit jaman iki ala.


Padha elinga marang para pasakitan, jalaran kowe dhewe uga pasakitan. Sarta padha elinga marang wong kang padha kinaniaya, amarga kowe dhewe iya isih urip ana ing donya iki.


Kula aturi ndangu para pangen panjenengan piyambak, temtu badhe matur dhateng panjenengan bilih pancen makaten. Milanipun tiyang punika sami manggiha sihpiwelas panjenengan, punika rak kaleresan dinten riyaya? Panjenengan karsaa maringi punapa sawontenipun dhateng para abdi panjenengan saha ingkang putra Dawud.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan