madu, kaniling powan, wedhus-wedhus, lan keju sapi, kagem dhahar Sang Prabu Dawud lan sapandhereke, amarga pangucape: “Wong iku ana ing pasamunan mesthi padha sayah lan luwe.”
Wijimu sebaren ing wanci esuk, lan tanganmu aja koklerenake ing wanci sore, awit kowe ora sumurup, apa sing iki utawa sing iku kang bakal oleh gawe, utawa apa loro-lorone iku padha becik.
Apadene sing sapa aweh banyu kang seger marang salah sawijining wong cilik iki sanadyana mung sacangkir, marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang kowe satemene: wong iku mesthi bakal tampa pituwase.”
Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.
Yen mangkono kowe bakal rahayu, amarga wong iku kabeh ora padha duwe kang dianggo males marang kowe. Dene kowe bakal tampa piwales besuk ing dina patangening para wong mursid.”
Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.