Sanadyan padha umpetan ana ing pucake gunung Karmel, mesthi bakal Sunlari lan Sunglandhang saka ing kono; utawa sanadyan arep nilapake tingalingSun lan ndhelik ana ing dhasaring sagara, Ingsun bakal dhawuh marang ula supaya nyakot wong-wong iku ana ing kono.
Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa, dumadakan kepethuk karo bruwang, sarta bareng tekan ing omahe, lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake, banjur kacakot ula.
Bareng Akhitofel weruh, yen rembage ora diglape, banjur ngabah-abahi kuldine lan mangkat mulih menyang omahe, ing kuthane, nata kabutuhaning omahe, wasana banjur mati gantung. Mangkono patine Akhitofel, nuli dipetak ing kubure bapakne.
Tumuli tindak menyang ing daleme ramane ing Ofra, sarta nyirnakake para sadhereke, putrane Sang Yerubaal wong pitung puluh, landhesan watu siji. Nanging Sang Yotam, putrane Sang Yerubaal, kang wuragil bisa oncat marga ndhelik.
Tumuli ana balane Senapati Yoab wong sepuluh, kang ngampil gegamane Sang Yoab, kang banjur ngepung Pangeran Absalom. Sang Pangeran digebagi lan disedani.