Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 10:1 - Kitab Sutji

1 Laler kang mati njalari mambune lenga jebad gaweane si tukang gawe lenga jebad; mangkono uga kabodhoan sathithik bae iku dayane ngluwihi kawicaksanan lan kaurmatan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 10:1
11 Iomraidhean Croise  

Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.


Sang Prabu Suleman, ratu ing Israel, rak uga dhumawah ing dosa marga saka anane lelakon kang kaya mangkono iku? Sanadyan ing antarane para bangsa pirang-pirang ora ana kang duwe ratu sing kaya panjenengane, kang kinasihan dening Gusti Allahe, apadene wus kajumenengake dadi ratune wong Israel kabeh dening Gusti Allah, ewasamono iya dhumawah ing dosa amarga katut marang garwane kang saka bangsa liyan iku.


Tumrap prakara iki anggone dheweke dibeseli, supaya aku wedia lan nglakonana kaya mangkono iku, temah aku tumiba ing dosa. Kanthi patrap mangkono anaa kang kanggo dadakan ngala-ala jenengku, temah banjur bisa nacad aku.


Abote mesthi ngungkuli wedhi ing sagara; mulane metune tembungku sasar-susur.


Iku mau kabeh kagawea lenga jebad kang suci, adon-adon arum kang kagawe kalawan ngati-ati kaya gaweane juru masak lenga, iku dadia lenga jebad kang suci.


Kawicaksanan iku luwih becik tinimbang piranti perang, nanging wong siji kang kleru bisa gawe bubrahe prakara kang becik akeh.


“Pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: Njaluka piwulang marang para imam.


Saupama ana wong kang nggawa daging suci ana ing pojoking jubahe, mangka pojoking jubah mau nggepok roti utawa olah-olahan, anggur utawa lenga lan sadhengah apa kang kena dipangan, apa kang kagepok iku iya dadi suci?” Wangsulane para imam: “Boten.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan