8 Samubarang kabeh iku anggone gawe sayah nganti ora kena kacaritakake dening manungsa; mripat ora wareg-wareg anggone ndeleng, kuping ora wareg-wareg anggone ngrungokake.
Sakehing kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali.
Nalika aku niti-priksa sakehing pagawean kang wus katindakake dening tanganku lan sakehing pambudidaya kang wus daktindakake kanggo ngrampungake pagawean mau kalawan ngrekasa banget, jebul kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin; pancen ing sangisoring langit iku ora ana kang maedahi.
Awit kang kaparingan kawicaksanan, kawruh lan kasenengan iku wong kang dadi keparenging panggalihe, nanging wong dosa iku kaparingan kuwajiban nglumpukake lan numpuk barang-barang, kang ing tembe kudu diwarisake marang wong kang dadi keparenging Allah. Iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.
ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; – kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? – Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.
Sira padha ngarep-arep akeh, nanging oleh-olehane mung sathithik, lan bareng sira lebokake ing omahira, banjur Sunsebul, sabab apa? – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi –. Jalaran PadalemaningSun isih tetep dadi jugrugan, mangka sira padha ribut ngopeni omahira dhewe.