Sakehing kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali.
Kayadene anggonmu ora sumurup marang lakuning angin lan balung-balung ing guwa-garbaning wong wadon kang ngandheg, samono uga kowe ora sumurup marang pakaryaning Allah kang nindakake samubarang kabeh.
Menyang ngendi midide angin iku miturut ing sakarepe, lan kowe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lan parane. Kaya mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!”