Mulane manawa ana wong kang dawa umure, cikben seneng-seneng ing sajroning kaanan mangkono iku, nanging wong mau elinga marang dina-dina kang peteng, awit iku akeh cacahe. Samubarang kabeh kang teka iku tanpa paedah.
Nalika aku niti-priksa sakehing pagawean kang wus katindakake dening tanganku lan sakehing pambudidaya kang wus daktindakake kanggo ngrampungake pagawean mau kalawan ngrekasa banget, jebul kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin; pancen ing sangisoring langit iku ora ana kang maedahi.
Aku banjur mosik ing sajroning ati mangkene: “Apa kang tumempuh marang wong bodho, iku iya bakal tumempuh marang aku. Apa gunane aku iki dhek biyen kadunungan kawicaksanan kang pinunjul iku?” Aku nuli mosik ing sajroning ati, manawa iki uga tanpa guna.
Awit saka iku urip iku daksengiti, jalaran apa kang tumindak ana ing sangisoring langit iku dakanggep ala, amarga samubarang kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin.
Sarta sapa sumurup, wong iku wicaksana apa bodho? Sanajan mangkono wong iku bakal ngwasani apa kang wus katindakake kalawan rekasa lan kawicaksanan ana ing sangisoring langit. Iku uga tanpa paedah.
Jalaran manawa ana wong kang nindakake samubarang kanthi ngrekasa kalawan migunakake kawicaksanan, kawruh lan kabisan, iya kudu marisake oleh-olehane iku marang wong kang ora rekasa tumrap iku. Iki uga tanpa paedah lan cilaka banget.
Awit kang kaparingan kawicaksanan, kawruh lan kasenengan iku wong kang dadi keparenging panggalihe, nanging wong dosa iku kaparingan kuwajiban nglumpukake lan numpuk barang-barang, kang ing tembe kudu diwarisake marang wong kang dadi keparenging Allah. Iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.
Aku uga nglumpukake selaka lan emas, raja-brana kang pinangkane saka para raja lan dhaerah-dhaerah. Aku ngupaya pasindhen lanang lan wadon akeh, lan kang nyenengake para anaking manungsa, yaiku selir akeh.
Amarga pepesthen tumrap manungsa iku padha karo kang tumrap kewan, sakaro-karone padha tinemune; kang siji mati, sijine iya mangkono. Sakarone padha-padha ambekan, lan manungsa iku ora ngluwihi kewan, amarga samubarang kabeh iku tanpa paedah.
Tanpa wilangan kehe wong kang padha dipimpin, nanging wong kang sawuse iku padha teka, ora padha seneng marang panjenengane. Awit saka iku iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.
Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.
ana wong kang mung ijen, ora duwe anak lanang utawa sadulur lanang, lan ora leren-leren anggone nglakoni kangelan, mripate iya ora bisa wareg ndeleng kasugihan; – kanggo sapa anggonku nglakoni kangelan lan nampik kasenengan? – Iku uga bab kang tanpa paedah lan kang marakake susah.