Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




KOHELET 1:16 - Kitab Sutji

16 Sajroning ati aku mosik mangkene: “Lah aku wus nggedhekake lan nambah kawicaksanan ngluwihi kabeh wong kang nyekel paprentahan ing Yerusalem sadurunge aku, lan atiku wus kadunungan kawicaksanan lan kawruh akeh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




KOHELET 1:16
20 Iomraidhean Croise  

nanging kula boten pitados dhateng pitembungan-pitembungan punika, ngantos kula lajeng mriki saha nyumerepi piyambak; sayektos sapalihipun kemawon dereng wonten ingkang kawartosaken dhateng kula; ing bab kawicaksanan tuwin karaharjan panjenengan nglangkungi kabar ingkang kula pireng.


nganti kawicaksanane Sang Prabu Suleman iku ngungkuli kawicaksanane sakehe wong wetanan lan ngluwihi sakehe kawicaksanane wong Mesir.


Tiyang-tiyang kula badhe ngandhapaken saking redi Libanon dhateng ing saganten saha badhe kula dhawuhi supados kagandheng-gandheng dados gethekan lajeng kabektaa dhateng ing panggenan ingkang panjenengan tedahaken dhateng kula, wonten ing ngrika nunten sami kabungkara, satemah panjenengan saged dhawuh ngangkati. Dene panjenengan mugi karsaa nyekapi kabetahan kula tedha kangge saisining kraton, sapinten ingkang kula kajengaken.”


Bareng tindake Sang Naaman wus sawetara dohe, Gehazi, rencange Nabi Elisa, abdining Allah, mikir-mikir mangkene: “Bendaraku iku kebangeten anggone ering marang Sang Naaman, priyagung ing Aram iki, nganti ora karsa nampeni atur-atur kang diasta. Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa.”


Sang Prabu Huram nuli nglajengake pangandikane: “Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun tiyang Israel, ingkang nitahaken langit lan bumi, awit Panjenenganipun sampun maringi dhateng Sang Prabu Dawud satunggaling putra ingkang wicaksana, kapenuhan ing akal budi saha pangretosan, ingkang badhe yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah tuwin kraton kagem sariranipun piyambak.


Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe; Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.


Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina; kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.


Sajroning ati aku mosik mangkene: “Coba, aku daknguji kabungahanku lan ngematake kasenengan, nanging lah iku uga tanpa paedah.”


Aku banjur mosik ing sajroning ati mangkene: “Apa kang tumempuh marang wong bodho, iku iya bakal tumempuh marang aku. Apa gunane aku iki dhek biyen kadunungan kawicaksanan kang pinunjul iku?” Aku nuli mosik ing sajroning ati, manawa iki uga tanpa guna.


Kalawan patrap mangkono aku banjur kedunungan kaluhuran, malah nganti ngluwihi sapa bae kang ana ing Yerusalem sadurunge aku; ing sajrone mangkono iku kawicaksananku tetep dumunung ana ing aku.


Aku mosik ing sajroning ati: “Gusti Allah bakal ngadili wong kang bener lan kang ora adil, awit tumrap sakehing pagawean, iku ana wayahe dhewe-dhewe.”


kang celathu: “Aku arep ngedegake kraton, kang gedhe amba lan pandhapane kang jembar bawera!” Temboking kraton banjur dietrapi cendhela-cendhela blabaging kraton kang kagawe kayu eres, sarta dicet abang.


Sang Prabu banjur nglairake pangandika mangkene: “Apa iki dudu Babil kang gedhe, kang wus ingsun bangun dadi kutha karajan kalawan kakuwataning pangwaosingsun lan kanggo kaluhuraning kamulyaningsun?”


Nanging pangan kang akas iku kanggo para wong diwasa, kang duwe pancadriya kang wis digladhi mbedakake kang becik sarta kang ala.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan