Ora ana kang kelingan marang bab-bab kang kelakon dhek jaman kapungkur, lan ing jaman kang bakal kelakon iya ora bakal ana kang kelingan marang bab-bab kang kelakon ing jaman kang wus diungkurake dening para wong kang bakal ana ing saburine.
Aku banjur genti mawas kawicaksanan, kabodhoan lan kang goblog, sabab apa ta kang bisa dilakoni dening wong kang nggenteni dadi ratu? Mung apa kang wus katindakake dening raja iku.
Apa bae kang ana, iku wus suwe anggone kapratelakake jenenge lan wus kasumurupan manungsa iku sapa, yaiku anggone ora bisa prakaran karo kang kasantosane ngungkuli dheweke.
Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.
Padha kaya Yanes lan Yambres anggone nglawan marang Nabi Musa, mangkono uga wong-wong mau padha nglawan marang kayekten. Pikirane bobrok, lan pracayane ora tahan suwe.