Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 5:7 - Kitab Sutji

7 Awit ana telu kang padha jumeneng dadi seksi (ana ing swarga: Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta katelune iku dadi siji.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 5:7
31 Iomraidhean Croise  

Sakehing langit padha katitahake dening sabdane Pangeran Yehuwah, sakehing balane dening napasing lesane.


Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,


Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”


Dene yen ora nggugu, kowe ngajaka wong siji utawa loro engkas, supaya marga saka anane katrangane seksi loro utawa telu, prakarane banjur rampung.


Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci,


Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah.


Aku lan Sang Rama iku siji.”


Dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma Paduka!” Tumuli ana swara saka ing swarga: “Wus Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurahe maneh!”


iya iku Rohing Kayekten. Jagad ora bisa nampani Panjenengane, amarga jagad ora nyumurupi lan ora wanuh karo Panjenengane, nanging kowe padha wanuh marang Panjenengane, amarga Panjenengane nunggil karo kowe lan bakal dedalem ana ing kowe.


Manawa Sang Juru Panglipur kang bakal Dakutus saka Sang Rama rawuh, iya iku Rohing kayekten kang miyos saka Sang Rama, iku bakal nekseni bab ing ngatase Aku.


Sabab padha kaya Sang Rama anggone kagungan gesang ing sarirane piyambak, mangkono uga Sang Putra iya wus kaparengake kagungan gesang piyambak.


Aku kang nekseni mungguh awakKu dhewe, lan uga Sang Rama kang ngutus Aku iya nekseni mungguh ing Aku.”


Gusti Yesus mangsuli: “Manawa Aku ngluhurake awakKu dhewe, kaluhuranKu iku ora ana gunane sathithik-thithika. Kang ngluhurake Aku iku RamaKu, iya iku kang koksebut Allahmu.


Punapadene sareng Panjenenganipun sampun jinunjung dening astanipun tengen Gusti Allah tuwin tampi Roh Suci ingkang kaprasetyakaken punika, Panjenenganipun lajeng ngesokaken punapa ingkang sampun panjenengan uningani saha panjenengan pireng wonten ing ngriki.


Wondene kula ingkang sami dados seksinipun prakawis punika sadaya, kula sadaya saha Sang Roh Suci, ingkang sampun kaparingaken dening Gusti Allah dhateng sadaya tiyang ingkang mbangun miturut dhumateng ing Panjenenganipun.”


He Israel, ngrungokna, Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kita, Pangeran Yehuwah iku siji.


Kang wus ana ing wiwitan mula, kang wus padha dakrungu, kang wus padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wus dakwaspadakake, iya kang wus dakgrayang kalawan tanganku bab ing ngatase Sabdaning kauripan, yaiku kang dakwartakake marang kowe!


Iya iki kang rawuhe sarana banyu lan getih, yaiku Gusti Yesus Kristus, ora mung kalawan banyu bae, nanging kalawan banyu lan getih. Dene Roh iku kang paring paseksen, amarga Roh iku kayekten.


Lan uga ana telu kang dadi seksi ana ing bumi). Roh, banyu lan getih lan telu-telune iku padha dadi siji.


Pangagemane rasukan jubah kang wus kacelup ing getih, sarta asmane kasebut: “Sabdaning Allah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan