Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 5:20 - Kitab Sutji

20 Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 5:20
53 Iomraidhean Croise  

Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel, Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: “Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan, ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.


Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.


Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.


Nanging Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang sejati, Panjenengane iku Gusti Allah kang gesang, lan Ratu kang langgeng. Dedukane nggonjingake bumi lan para bangsa ora bisa lestari urip karana bebendune.


Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe padha kaparingan kamurahan diparengake nyumurupi wadi-wadining Kraton Swarga, nanging wong-wong iku padha ora kaparingan.


Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.


Panjenengane banjur mbuka pikirane wong-wong mau supaya padha ngreti marang Kitab Suci.


Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.


Aku lan Sang Rama iku siji.”


Ing wektu iku kowe bakal padha nyumurupi, yen Aku ana ing RamaKu lan kowe padha ana ing Aku, tuwin Aku ana ing kowe.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa ana wong kang tresna marang Aku, iku bakal netepi ing pituturKu sarta bakal dikasihi dening RamaKu lan Aku karo Sang Rama bakal padha ngrawuhi sarta makuwon ana ing wong iku.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama?


Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetep dumunung ana ing Aku.


Tiyang-tiyang wau sampun sami Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti dening jagad, amargi pinangkanipun boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.


Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;


Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.


Tomas mangsuli, unjuke: “Dhuh Gusti kawula, Allah kawula!”


Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.


Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.


Kang padha dadi tedhak turune para rama leluhur, kang nurunake Sang Kristus mungguh ing daging, kang ngungkuli samubarang kabeh. Panjenengane iku Gusti Allah kang kudu pinuji-puji ing salawas-lawase. Amin.


Nanging awit saka Panjenengane kowe wus padha ana ing Sang Kristus kang marga saka Gusti Allah wus dadi kawasisan tumrap kita. Panjenengane wus ngleresake, nucekake sarta nebus kita,


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka.


Aku ndedonga, supaya kowe karo sakehing para suci bisa nyumurupi sapira ambane lan dawane sarta dhuwure lan jerone sihe Sang Kristus


lan dumunung ana ing Panjenengane iku ora marga saka kabeneranku dhewe kang jalaran saka nglakoni angger-anggering Toret, ananging marga saka pracaya marang Sang Kristus, yaiku kabeneran peparinge Gusti Allah adhedhasar pracaya.


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


kalawan manganti-anti marang ing katetepane pangarep-arep kita, kang kebak ing karahayon lan ngatingalake kamulyaning Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus,


Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”


Amarga wong kang nyelaki marang Sang Putra iku iya ora nduweni Sang Rama. Kang ngakoni marang Sang Putra, iya nduweni Sang Rama.


Anadene mungguh kowe iku, apa kang wus padha kokrungu ing wiwitan mula, iku tetepa ana ing kowe. Manawa apa kang wus kokrungu ing wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowe, dadi kowe iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama.


Sing sapa duwe ujar yen ana ing Panjenengane, iku kawajiban nglarasake uripe kalawan sugenge Sang Kristus.


Anadene aku iki wus padha ndeleng lan nekseni yen Sang Rama wus ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagad.


Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.


Anggonmu padha niteni Roh Allah iku titikane mangkene: Sadhengah roh kang ngakoni manawa Gusti Yesus Kristus wus rawuh dadi manungsa, iku asale saka ing Allah.


Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.


Mangka manawa kita padha sumurup yen Gusti Allah nyembadani marang panyuwun kita tumrap apa bae, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.


Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.


Sapa ta kang ngalahake jagad, kajaba wong kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Putrane Gusti Allah?


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Aku banjur weruh swarga menga: lah, ana sawijining jaran putih; dene asmane kang nitihi: “Kang Setya lan Kang Sanyata.” Panjenengane ngadili lan merangi kalawan adil.


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


Nyawa-nyawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Ngantos pinten laminipun malih, dhuh Sang Kristus ingkang Maha Suci sarta Sajati, anggen Paduka boten ngadili saha malesaken rah kawula dhateng tiyang ingkang manggen wonten ing bumi?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan