Iblis nuli matur: “Panjenengan badhe kula caosi panguwaos punika sadaya dalah kamulyanipun, awit punika sadaya sampun dipun pasrahaken dhateng kula saha kula saged nyukakaken dhateng sinten ingkang kula kajengaken.
Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksanan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.
yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.
Awit aku padha sumurup, manawa omah kita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti Allah wus nyawisake panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawe dening tanganing manungsa.
Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguwasane karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka.
Iya iku kang njalari aku nandhang sangsara iki kabeh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakandelake sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakake marang aku nganti tumeka ing Dinaning Pangeran.
Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.
He wong kang padha ora setya, apa kowe padha ora sumurup, manawa memitran karo donya iku dadi sesatron karo Gusti Allah? Kang iku sing sapa dadi mitrane donya, iku ndadekake awake dhewe dadi satrune Gusti Allah.
Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.
Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.
Sapa kang pracaya marang Putraning Allah, iku nduweni paseksen mangkono ana ing batine. Sapa kang ora pracaya marang Gusti Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel marang paseksen kang wus dilairake dening Gusti Allah bab ing ngatase Kang Putra.
Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.
Mangka manawa kita padha sumurup yen Gusti Allah nyembadani marang panyuwun kita tumrap apa bae, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.
Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.
Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.
Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.
banjur diuncalake menyang ing teleng, ditutup lan ing dhuwure disegel, supaya si Iblis lan si Setan iku aja nasarake para umat maneh sadurunge pundhat sewu taun mau; sawise mangkono bakal kauculake sawatara mangsa.