18 Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.
Menggah pandamelanipun tiyang, manut sabda ingkang Paduka pangandikakaken, kawula boten tumut-tumut kaliyan tindakipun tiyang ingkang sami ambek roda-peksa;
Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]
Kowe tetepa dumunung ing Aku lan Aku ana ing kowe. Padha kaya pang ora bisa metu wohe saka awake dhewe, manawa ora tetep dumunung ana ing wit anggur, mangkono uga kowe ora bisa metokake woh manawa ora tetep dumunung ana ing Aku.
Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.
Bareng wis tekan ing kono lan nyumurupi sih-rahmating Allah, Barnabas bungah sarta mituturi marang wong-wong mau, supaya padha tetep setya marang Gusti,
Marga saka karsane piyambak Panjenengane wus mbabarake kita srana pangandikaning kayekten, supaya kita padha ana ing tataran kang gumathok, yaiku dadi putra pambarep ing antarane para titahe kabeh.
Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.
Jalaran kowe wus padha kalairake maneh ora saka wiji kang bisa sirna, nanging kang langgeng, dening pangandikaning Allah kang gesang lan kang langgeng.
Aja kaya Kain, kang asale saka ing pangawak dursila sarta mateni sadulure. Lan apa sababe anggone mateni iku? Amarga sakabehing panggawene ala, lan panggawene adhine becik.
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.
Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.
Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.
Mangka manawa kita padha sumurup yen Gusti Allah nyembadani marang panyuwun kita tumrap apa bae, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.
Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.
Padha rumeksaa marang awakmu dhewe mangkono, ana ing sajroning sihe Gusti Allah, kalawan nganti-anti marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, tumuju ing urip langgeng.
Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.
Ingsun ngudaneni ana ing ngendi panggonanira, iya iku ing panggonane dhampare Iblis; ewadene sira ngugemi asmaningSun, sarta ora nyelaki pracayanira marang Ingsun, uga ora ing nalika jamane Antipas, seksiningSun, kang setya marang Ingsun kang dipateni ana ing ngarepira, ing padunungane Iblis.