Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 5:14 - Kitab Sutji

14 Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 5:14
26 Iomraidhean Croise  

mulane lah Ingsun bakal nindakake kang laras karo panyuwunira iku, lah Ingsun maringi marang sira ati kang kebak kawicaksanan lan kalimpadan, nganti sadurunge sira ora ana wong siji-sijia kang kaya sira, lan sawuse sira ora bakal ana wong siji-sijia kang kaya sira.


njalari panjeriting wong miskin sumengka marang ing ngarsane, sarta Panjenengane iku karsa midhangetake panjeriting wong sangsara.


Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepane, dipiyarsakake pasambate banjur padha diluwari.


Pinujia Sang Yehuwah, awitdene sih-kadarmane dikatingalake marang aku kanthi patrap kang nggumunake nalika aku ketaman ing karupekan!


wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.


Delengen, he wong kang andhap-asor lan padha bungah-bungaha, he wong kang padha ngupaya marang Allah, cikben atimu girang maneh!


Wong duraka kataman apa kang disumelangake, nanging wong bener bakal kaparingan apa kang dikarepake.


Pangeran Yehuwah iku adoh saka wong duraka, nanging pandongane wong bener dipiyarsakake.


Sesambata marang Ingsun, Ingsun mesthi bakal maringi wangsulan marang sira, lan Ingsun bakal paring sumurup marang sira, prakara-prakara kang gedhe lan kang sinamar, yaiku bab-bab kang ora sira sumurupi.


Lan apa bae kang koksuwun ing pandonga kalawan pracaya, mesthi bakal kaparingake.”


Kawula sumerep, bilih Paduka tansah nyembadani dhateng Kawula. Nanging unjuk Kawula makaten punika margi tiyang kathah sami ngrubung Kawula, supados sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.”


lan apa bae kang koksuwun atas saka jenengKu, Aku bakal ngleksanani, supaya Sang Rama kaluhurna ana ing Sang Putra.


Manawa kowe padha tetep dumunung ana ing Aku lan pituturKu tetep dumunung ana ing kowe, padha nyenyuwuna apa bae kang kokkarepake mesthi bakal katurutan.


Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.


Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani.


Ana ing Panjenengane kita oleh kakendelan lan dalan sowan menyang ing ngarsane Gusti Allah kalawan sumendhe babar pisan marga saka pracaya kita marang Panjenengane.


Kang iku aja padha mbuwang pracayamu, amarga bakal gedhe ganjarane.


Jalaran kita wus oleh panduman ana ing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhi ing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.


ananging Gusti Kristus iku setya kayadene Putra kang mengku padalemane; sarta padalemane iya iku kita, angger kita padha kukuh ing pracaya sarta ing pangarep-arep kang kita agung-agungake nganti tumeka ing wekasan.


Utawa kowe uga ndedonga, nanging kowe ora oleh apa-apa, amarga anggonmu ndedonga iku kleru, jalaran apa kang koksuwun iku bakal kokentekake kanggo ngumbar hawa-nepsumu.


Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.


Anadene ing samengko, he, anak-anakku, padha tetepa ana ing Panjenengane, supaya samasa Panjenengane ngatingal, kita padha tatag ing pracaya lan ora usah isin ana ing ngarsane besuk ing dina rawuhe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan