1 Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.
Sakarone padha nglajengake tindake, nuli rawuh ing papan kang ana banyune. Priyagung mau banjur ngandika: “Lah punika wonten toya. Punapa wonten pambenganipun, bilih kula dipun baptis?”
Atur wangsulane Sang Filipus: “Manawi panjenengan pitados kanthi gumolonging panggalih, kenging.” Paring wangsulane: “Kula pitados, bilih Gusti Yesus Kristus punika Putraning Allah.”
Marga saka karsane piyambak Panjenengane wus mbabarake kita srana pangandikaning kayekten, supaya kita padha ana ing tataran kang gumathok, yaiku dadi putra pambarep ing antarane para titahe kabeh.
Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,
Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.
Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.
Anggonmu padha niteni Roh Allah iku titikane mangkene: Sadhengah roh kang ngakoni manawa Gusti Yesus Kristus wus rawuh dadi manungsa, iku asale saka ing Allah.
Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?
Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.
Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.