9 Sihe Gusti Allah iku kababarake ana ing antara kita, iya iku dene Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga dening Panjenengane.
Dhawuhe Gusti Allah: “Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawe kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahake marang sira.”
“Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawuhan martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun
Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.
Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.
Sing sapa pracaya marang Panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang asmane Putraning Allah kang ontang-anting.
supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.
Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.”
Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.
Kang ora ngeman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti dipasrahake kanggo kita kabeh, apa iya kalakon ora maringake samubarang kabeh marang kita bareng lan Panjenengane?
Sapa ta panunggalane para malaekat kang tau dipangandikani mangkene: “Sira iku PutraningSun! Sira wus Sunputrakake ing dina iki?” sarta “Ingsun bakal dadi Ramane, lan Panjenengane bakal dadi PutraningSun?”
Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.
Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.
Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.
Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.