7 Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.
Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.
Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.
Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.
Nanging saiki sawuse kowe wanuh marang Gusti Allah, malah luwih saka iku, sawuse kowe ditepangi dening Gusti Allah, kapriye dene kowe kok mbaleni maneh marang roh-roh donya kang apes lan papa, sarta arep wiwit kokkawulani maneh?
Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.
Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.
He, para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kowe wiwit wiwitan mula. Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu.
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.
Ora ana wong kang tau ndeleng marang Gusti Allah. Manawa kita padha tresna-tinresnan, Gusti Allah tetep ana ing kita, lan sihe iku sampurna ana ing kita.
Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.
Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?
Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.
Dene ing samengko panjalukku marang kowe, ibu, – ora kok kaya-kaya aku nulis pepakon anyar marang kowe, nanging miturut pepakon kang wus kita duweni wiwit-wiwitan mula – supaya kita padha tresna-tinresnanana.