Menggah pandamelanipun tiyang, manut sabda ingkang Paduka pangandikakaken, kawula boten tumut-tumut kaliyan tindakipun tiyang ingkang sami ambek roda-peksa;
Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira aja gelem diapusi dening para nabinira, kang ana ing tengahira, apadene dening para juru petungira, lan aja nggugu marang impen, kang diimpekake!
Para nabi nglairake pameca palsu, para imam mulang sakarep-karepe, lan umatingSun bakal dhemen kang kaya mangkono iku! Nanging apa kang bakal sira lakoni samangsa wus tekan ing wekasane?
Manawa ana wong kang pinter ngothak-athik lan apus-apus, ngucap: “Aku medhar wangsit marang kowe bab anggur lan badheg,” iku kang pantes dadi wong kang medhar wangsit tumrap bangsa iki.
Lurahe banjur ngalem marang juru-gedhong kang ora temen iku, marga saka anggone duwe akal kang mangkono iku, sabab para anaking jagad iki tumrap kang tunggal golongan, akale ngluwihi para ahli-warising pepadhang.
Tiyang-tiyang wau sampun sami Kawula sukani pangandika Paduka, lan sami dipun sengiti dening jagad, amargi pinangkanipun boten saking jagad, kadosdene pinangka Kawula punika inggih boten saking jagad.
Kang rawuhe saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabehe, kang pinangkane saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan calathune iya nganggo basa ing bumi. Kang rawuhe saka ing swarga iku ngungkuli sakabehe.
Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe iku pinangkamu saka ing ngisor, Aku iki saka ing ngaluhur, kowe iku pinangkamu padha saka ing donya iki, nanging Aku ora saka ing donya iki.
Amarga bakal tumeka ing titimangsane, wong-wong bakal ora bisa nampani piwulang kang bener-becik maneh, nanging bakal padha ngumpulake guru-guru kang dikarepake kanggo maremake pepenginaning kupinge.
Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.