Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 4:4 - Kitab Sutji

4 He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 4:4
28 Iomraidhean Croise  

Samengko ana pangadilan ing ngatase jagad iki: Samengko uga panggedhene jagad iki bakal kabuwang metu;


Aku ora rembugan akeh maneh karo kowe, awit panggedhene jagad iki teka lan iku ora duwe wewenang sathithik-thithika ing ngatase Aku.


bab pangandilan, amarga panggedhene jagad iki wus diadili.


Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.


Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.


Kita ora nampani rohe jagad, nanging Sang Roh kang asale saka Gusti Allah, supaya kita padha bisa nyumurupi apa kang dadi sih-peparinge Gusti Allah marang kita.


Pangan iku kanggo ing weteng, lan weteng kanggo ing pangan: nanging sakarone bakal dilebur dening Gusti Allah. Badanmu iku ora kanggo laku jina, nanging kagem ing Gusti, lan Gusti kanggo ing badan.


yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.


Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikakake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.


Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguwasane karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka.


temahan marga saka pracayamu, Sang Kristus dedalem ana ing atimu sarta kowe padha ngoyoda lan atetalesa ana ing katresnan.


Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.


He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.


He, para bapa, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh marang Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.


Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sarta nguningani samubarang.


Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.


Anggon kita sumurup yen kita padha tetep ana ing Panjenengane, lan Panjenengane ana ing kita, iya iku dene kita wus padha kapanduman Rohe.


Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.


Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.


Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila.


amarga sadhengah apa kang laire saka ing Allah iku ngalahake jagad. Anadene kaunggulan kang ngalahake jagad iku yaiku pracaya kita.


Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan