Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 4:3 - Kitab Sutji

3 Lan sadhengah roh kang ora ngakoni Gusti Yesus, iku asale ora saka ing Gusti Allah. Roh iku rohing Anti-Kristus, kang wus padha kokrungu wartane yen bakal teka, lan samengko wus ana ing jagad.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 4:3
5 Iomraidhean Croise  

Amarga akeh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristua, sarta bakal nasarake wong akeh.


He, bocah-bocah, iki wektu kang wekasan. Lan kaya anggonmu wus padha krungu warta yen si Anti-Kristus bakal teka, mangkono uga ing samengko iya wus akeh Anti-Kristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yen iki nyata-nyata wektu kang wekasan.


Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa dudu kang nyelaki yen Gusti Yesus iku Sang Kristus? Yaiku si Anti-Kristus, kang nyelaki marang Sang Rama lan Sang Putra.


Awit wus akeh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh, kang ora ngakoni manawa Gusti Yesus wus rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan Anti-Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan