Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 4:21 - Kitab Sutji

21 Karodene dhawuh timbalan iki oleh kita iya saka Panjenengane: Sapa kang tresna marang Gusti Allah, iku iya kudu tresna marang sadulure uga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 4:21
20 Iomraidhean Croise  

Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira; malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe; Ingsun iki Yehuwah.


“Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira!


Atur wangsulane: “Inggih tiyang ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun punika.” Pangandikanae Gusti Yesus: “Wis mundura, lan nglakonana mangkono uga!”


PepakonKu iku mangkene, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana, dikaya anggonKu wus nresnani kowe.


Sabab angger-anggering Toret kabeh iku kacakup ing pangandika siji iki, yaiku: “Sira tresnaa marang ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe.”


Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.


Bab katresnaning pasaduluran ora prelu daktulis, awit kowe dhewe wus padha kawulang tresna-tinresnan dening Pangeran.


Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal rasa, tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap-asor.


Nanging kang prelu dhewe padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan, jalaran katresnan iku nutupi dosa kang akeh banget.


He, para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kowe wiwit wiwitan mula. Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu.


Sabab iya iki pawarta kang wus padha kokrungu wiwitan mula, iya iku supaya kita padha tresna-tinresnanana.


Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.


He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.


Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.


He, para kekasih, sarehne nganti samono anggone Gusti Allah ngasihi marang kita, dadine kita iki iya padha kawajiban tresna-tinresnan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan