Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 4:16 - Kitab Sutji

16 Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 4:16
13 Iomraidhean Croise  

Sakathahing lambe cidra kajengipun dados bisu, ingkang nyendhu dhateng tiyang burus kalayan kumethak lan nyenyampahi!


Boten wonten kuping ingkang mireng, saha boten wonten mripat ingkang sumerep allah ingkang nindakaken punapa-punapa kangge tiyang ingkang ngantos-antos dhateng piyambakipun namung Paduka ingkang tumindak makaten.


Saha kawula sampun sami pitados tuwin sumerep, bilih Paduka punika Sang Suci kagunganing Allah.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Dudu wong iki, lan iya dudu wong tuwane, nanging iku supaya pakaryan-pakaryane Gusti Allah kalairna ana ing wong iku.


Nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku.”


Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.


Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.


Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.


Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan