10 Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.
Pitung puluh kaping pitung mangsa, iku wus katetepake tumrap bangsamu lan tumrap kuthamu kang suci, kanggo nyirnakake duraka, kanggo nguwisi dosa, kanggo ngilangi kasalahan, kanggo nekakake kaadilan kang langgeng, kanggo ngganepake wahyu lan nabi, sarta kanggo njebadi pasucen kang pinunjul.
Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.
Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.
Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.
Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”
Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.
Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.
Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,
Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.