Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 4:1 - Kitab Sutji

1 Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 4:1
29 Iomraidhean Croise  

Wangsulane wong tuwa mau: “Kula punika ugi nabi kados panjenengan saha margi saking dhawuhipun Pangeran Yehuwah wonten malaekat ingkang sampun ngandika dhateng kula: Wong iku jaken bali bebarengan karo sira menyang ing omahira, dimen mangan roti lan ngombe banyu.”


Wong kang ora duwe pangalaman ngandel sabarang ujar, nanging wong kang wicaksana iku nggatekake lakune.


Paring wangsulane Sang Yehuwah marang aku: “Para nabi iku padha meca goroh atas asmaningSun! Ingsun ora ngutus lan paring dhawuh sarta ora paring pangandika marang para wong iku. Wong iku padha nglairake wangsit goroh, pamecane kang kothong lan akal culikaning atine dhewe.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: “Aja ngrungokake tembunge para nabi kang memeca marang sira! Wong-wong iku mung aweh pangarep-arep kang kothong marang sira, lan mung medharake wangsit akal-akalane dhewe, kang tekane ora saka lesane Sang Yehuwah.


Para nabi nglairake pameca palsu, para imam mulang sakarep-karepe, lan umatingSun bakal dhemen kang kaya mangkono iku! Nanging apa kang bakal sira lakoni samangsa wus tekan ing wekasane?


Ing nalika iku manawa ana wong kang kandha marang kowe: Delengen, Sang Kristus ana ing kene, utawa: Delengen, Sang Kristus ana ing kana, aja kokandel.


Lan maneh yagene kowe padha ora netepake dhewe apa kang bener?


Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.


Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan eklasing ati sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabeh wis bener mangkono.


Aku sumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowe lan kang ora ngeman marang pepanthan mau.


Kang siji peparing bisa nganakake mukjijat, sijne pamedhar wangsit, sijine maneh kabisan mbedak-mbedakake sawarnaning roh. Kang siji kabisan calathu nganggo basa roh, sijine maneh kabisan njarwakake basa roh mau.


Mungguhing nabi-nabi – becike anaa loro utawa telu saka ing antarane kang padha medharake pitutur, dene liyane padha nanggapana kang padha diwedharake mau.


lan aja ngremehake pamedharing wangsit.


Samubarang kabeh iku titinen, dene kang becik anggonen.


supaya kowe aja padha enggal-enggal bingung lan kuwatir, marga saka wangsiting roh utawa marga saka pakabaran lan apa marga saka layang kang diakokake saka aku kabeh, kaya-kaya wus tumeka ing dinane Gusti.


Ananging ana pangandikaning Roh kang cetha, yen ing tembe bakal ana wong kang padha murtad banjur ngeloni roh-roh panasaran lan piwulanging setan-setan


Dene wong ala lan culika iku bakal saya wuwuh alane, padha disasarake lan nasarake.


Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.


He, bocah-bocah, iki wektu kang wekasan. Lan kaya anggonmu wus padha krungu warta yen si Anti-Kristus bakal teka, mangkono uga ing samengko iya wus akeh Anti-Kristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yen iki nyata-nyata wektu kang wekasan.


He, para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kowe wiwit wiwitan mula. Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu.


Awit wus akeh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh, kang ora ngakoni manawa Gusti Yesus wus rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan Anti-Kristus.


He, sadulurku kang kekasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah, nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira: iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan manawa sira wus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatane dudu, manawa sira wus meruhi manawa iku padha tukang goroh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan