Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 3:7 - Kitab Sutji

7 He, anak-anakku, kowe aja gelem disasarake dening sapa bae. Sapa kang nindakake kayekten iku kadunungan kayekten, padha kaya Panjenengane iya asipat kayekten.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 3:7
28 Iomraidhean Croise  

Rahayu wong kang netepi angger-angger, kang nindakake kaadilan ing salawas-lawase.


Dhampar punika kagunganipun Gusti Allah, kangge ing salajengipun saha salaminipun, jungkatipun kaprabon dalem punika jungkating kaleresan.


Mulane pituturKu marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu Kratoning Swarga.”


ing sajroning kasucen lan kabeneran ana ing ngarsane, sajege urip kita.


Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kemawon, ingkang ngabekti dhateng Pangeran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.


Amarga wong kang bener ana ing ngarsane Gusti Allah iku dudu kang ngrungokake angger-anggering Toret, nanging kang netepi angger-anggering Toret.


Utawa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa panduman warisan Kratoning Allah? Aja padha kesasar. Wong kang laku jina, nyembah brahala, laku bedhang, dadi gemblak, laku jindik,


Aja nganti kowe kena disasarake kalawan tetembungan kang kothong, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakake bebenduning Allah tumrap wong-wong duraka.


marga wohing pepadhang iku mung sarupaning kabecikan lan kaadilan lan kabeneran,


padha kapenuhan wohing kabeneran pakaryane Gusti Yesus Kristus minangka kamulyan lan pangalembananing Allah.


Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”


Rama Abraham uga nyaosake saprasapuluhe samubarang marang panjenengane. Manut tegese asma Melkisedhek iku sapisan ateges ratuning kaadilan, sarta uga ratu ing Salem, yaiku ratuning tentrem-rahayu,


Nanging padha nglakonana ing pangandika, aja mung ngrungokake bae, jalaran manawa ora mangkono kowe ngapusi awakmu dhewe.


Kowe pracaya, manawa mung ana Gusti Allah siji? Iku becik. Nanging setan uga pracaya ing bab iku, banjur padha gumeter.


Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.


Kabeh iki anggonku nulis marang kowe bab wong-wong kang sumedya nasarake kowe.


Manawa kowe padha sumurup yen Panjenengane iku sampurna, iya ngawruhana yen saben wong kang nglakoni ing kasampurnan, iku laire saka ing Panjenengane.


He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.


Sok wonga kang duwe pangarep-arep mangkono marang Panjenengane, iku mesthi nucekake awak, kayadene Panjenengane kang asipat suci.


Sihe Gusti Allah iku sampurna ana ing kita, iya iku manawa kita padha tatag ing pracaya besuk in dinane pangadilan, awit kita iya ana ing donya kene kayadene Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan