I YOKANAN 3:4 - Kitab Sutji4 Sok wonga kang nglakoni dosa, iku iya nerak angger-anggering Allah, sabab dosa iku nerak angger-anggering Allah. Faic an caibideil |
Rohing Allah banjur menuhi Imam Zakharia, putrane Imam Agung Yoyadha; iku jumeneng ana ing ngarepe rakyat lan ngandika: “Mangkene pangandikane Gusti Allah: Yagene sira padha nerak marang pepakening Yehuwah, nganti sira padha ora kadunungan kabegjan? Sarehne sira padha ninggal Pangeran Yehuwah, mulane Panjenengane iya nilar sira.”
Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.
Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe, sarta memulang mangkono marang wong, iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa nindakake lan mulangake kabeh pepakoning Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana ing Kratoning Swarga.
Aku sumelang manawa aku teka maneh, Allahku bakal ngesorake aku ana ing ngarepmu, sarta aku bakal ngrudatin awit dening wong akeh kang ing wektu kapungkur padha nglakoni dosa lan aku bakal susah banget, marga anane wong akeh, kang dhek biyen padha nglakoni dosa mangka durung mratobat, ninggal panggawe kang jember, laku jina lan pamblunthah kang padha dilakoni.