Sarta sabanjure pangandikane Nabi Yesaya, “Bakal ana sogol thukul saka tunggake Isai, kang bakal jumeneng ngereh para bangsa, sarta iya Panjenengane iku kang bakal dadi pangarep-arepe para bangsa.”
Kang iku sarehne kita kaparingan prasetya-prasetya mau, para kekasih, mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging lan ing roh, lan kalawan mangkono kita nyampurnakake kasucen kita ing sajrone wedi-asih marang Gusti Allah.
kagawa saka pangarep-arep marang apa kang wus digadhangake marang kowe ana ing swarga. Mungguh pangarep-arep mau ing sadurunge wus kokrungu saka ing Pangandikaning kayekten yaiku Injil,
Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglipur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,
supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pangarep-arep kang kagantungake.
Sabab iya Imam Agung kang kaya mangkono iku kang kita butuhake, yaiku kang suci, tanpa salah, tanpa blentong, kang pinisah karo para wong dosa sarta ngungkuli sungsun-sungsune swarga,
Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe. Tanganmu padha resikana, he wong dosa, sarta atimu padha eningna, he wong kang duwe ati rangkep.
Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,
Kalawan patrap mangkono iku Panjenengane wis maringi marang kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya srana iku kowe padha bisa tunggal kodrat kaallahan lan ora kena ing dayaning hawa-nepsu kadonyan.
Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.
Sihe Gusti Allah iku sampurna ana ing kita, iya iku manawa kita padha tatag ing pracaya besuk in dinane pangadilan, awit kita iya ana ing donya kene kayadene Panjenengane.