Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 3:20 - Kitab Sutji

20 Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sarta nguningani samubarang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 3:20
23 Iomraidhean Croise  

Kabeneranku dakgondheli kenceng, lan ora bakal dakeculake; atiku ora bisa nacad dinane uripku siji-sijia.


Wangsulanku marang kowe: Ing bab iku kowe ora bener, awit Gusti Allah iku ngungkuli manungsa.


Kalepatan kawula sadaya Paduka beber wonten ing ngarsa Paduka, tuwin piawon kawula ingkang samar wonten ing padhanging cahyanipun wedana Paduka.


Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”


Saupama ana wong kang umpetan ana ing pasingidan, apa Ingsun ora pirsa? – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. – Apa dudu Ingsun kang ngebeki langit lan bumi? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!


Ananging sawuse kang padha munjuk mau krungu pangandika kang kaya mangkono, tumuli padha lunga baka siji, wiwit saka kang tuwa dhewe. Wekasan mung kari Gusti Yesus piyambak karo wong wadon kang isih tetep ana ing kono iku.


Mireng atur mangkono iku, kabeh padha rumangsa kecocog panggalihe sarta banjur padha ngangkah nyedani para rasul.


Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang malah dadi pangemban kita?


Sabab aku pancen ora rumangsa apa-apa, ananging ora awit saka iku anggonku kabenerake. Kang ngadili aku iku Gusti.


Kowe mangreti, yen wong kang kaya mangkono iku nasar temenan lan ngukum awake dhewe kalawan dosane iku.


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Awitdene nalika Gusti Allah maringake prasetyane marang Rama Abraham, banjur supaos demi Panjenengane piyambak, sarehne ora ana manungsa kang ngungkuli Panjenengane,


Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.


He, para kekasih, manawa kita ora kawelehake dening ati kita, dadi padha bisa sowan marang ing ngarsane Gusti Allah kalawan tatag ing pracaya,


He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan