18 He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.
Wong-wong mau banjur padha marani sira kaya rakyat kang nglumpuk lan padha lungguh ana ing ngarepira, katon kaya umatingSun sarta padha krungu apa kang sira ucapake, nanging padha ora nglakoni mangkono; cangkeme kebak tetembungan kang isi katresnan, nanging atine mburu kauntungan kang nistha.
Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.
Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.
Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.
He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.
He, anak-anakku, kowe aja gelem disasarake dening sapa bae. Sapa kang nindakake kayekten iku kadunungan kayekten, padha kaya Panjenengane iya asipat kayekten.
Saka pinituwa tumekaa marang ibu kang pinilih lan anak-anake kang padha banget daktresnani, lan ora ngemungake aku bae kang nresnani kowe kabeh, nanging dalah sakehe wong kang wus padha ngawruhi ing kayekten,