17 Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?
Marga kowe wus padha sumurup marang sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, yaiku manawa Panjenengane, kang amarga saka kowe dadi mlarat, sanadyan Panjenengane iku sugih, supaya kowe dadia sugih marga kamlaratane.
nuli ana panunggalanmu kang nuturi mangkene: “Wis mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg.” Nanging ora menehi kang dadi kabutuhane badane, iku paedahe apa?
Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?
Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.