Pangeran Absalom ora reraosan karo Pangeran Amnon kang ala utawa kang becik, nanging Pangeran Absalom ngrendhem sengit banget marang Pangeran Amnon, awit saka anggone masesa marang kang rayi Tamar.
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe wutaa, mesthi padha ora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowe padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu.”
Ing nalika samana Rasul Petrus banjur jumeneng ana ing satengahe para sadulur, kang lagi padha nglumpuk, cacahe watara satus rong puluh, sarta ngandika:
Balik sing sapa sengit marang sadulure, iku dumunung ana ing pepeteng, sarta urip ana ing pepeteng, wong iku ora weruh menyang ngendi parane, amarga mripate diwutakake dening pepeteng mau.
Iki titikane para putraning Allah lan para anake Iblis; sok wonga kang ora nindakake kayekten iku asale ora saka ing Allah, mangkono uga kang ora tresna marang sadulure.
Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?