Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 2:7 - Kitab Sutji

7 He, para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kowe wiwit wiwitan mula. Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 2:7
22 Iomraidhean Croise  

Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira; malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe; Ingsun iki Yehuwah.


Wong seje bangsa kang manggon awor karo sira, iku ana ing antaranira dadia kaya wong Israel asli, iku sira tresnanana kaya dene awakira dhewe, awitdene biyen sira iya padha dadi wong neneka ana ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.


“Kowe iya wus padha krungu pangandika: Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita marang mungsuhira!


Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.


Wong-wong mau banjur padha ngaturi Rasul Paulus tindak menyang ing parepatan ing Areopagus lan matur: “Punapa kula sami kepareng mirengaken piwulang enggal ingkang panjenengan wulangaken punika?


Kang iku kowe tresnaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu sarta ing sakekuwatanmu.


Ewadene, he para kekasihku, sanadyan aku padha pitutur mangkono marang kowe, aku padha mesthekake, manawa kowe padha duwe bab-bab kang luwih becik sarta kang isi karahayon.


Anadene mungguh kowe iku, apa kang wus padha kokrungu ing wiwitan mula, iku tetepa ana ing kowe. Manawa apa kang wus kokrungu ing wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowe, dadi kowe iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama.


Sabab iya iki pawarta kang wus padha kokrungu wiwitan mula, iya iku supaya kita padha tresna-tinresnanana.


He, para kekasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kapriye bakal kaanan kita ing tembe. Mung bae kita padha sumurup, manawa Sang Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengane, amarga kita bakal padha ndeleng kaanane Panjenengane ing sajatine.


He, para kekasih, manawa kita ora kawelehake dening ati kita, dadi padha bisa sowan marang ing ngarsane Gusti Allah kalawan tatag ing pracaya,


Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.


Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.


He, para kekasih, sarehne nganti samono anggone Gusti Allah ngasihi marang kita, dadine kita iki iya padha kawajiban tresna-tinresnan.


Karodene dhawuh timbalan iki oleh kita iya saka Panjenengane: Sapa kang tresna marang Gusti Allah, iku iya kudu tresna marang sadulure uga.


Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan