Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 2:4 - Kitab Sutji

4 Sing sapa duwe ujar: “Aku wanuh karo Panjenengane,” mangka ora netepi ing pepakone, iku wong goroh lan ora kadunungan kayekten.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 2:4
13 Iomraidhean Croise  

Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.


Amarga wus akeh wong kang uripe ora tumata, tukang ngoceh tanpa tanja, kang nasarake, luwih maneh saka panunggalane wong tetakan.


Ngakune padha wanuh marang Gusti Allah, nanging diselaki kalawan tingkah-lakune, amarga padha alaku rusuh lan duraka sarta ora bisa nindakake samubarang kang becik.


Saupama kita padha ngaku ora gawe dosa, dadi padha nganggep Panjenengane dora, sarta pangandikane ora dumunung ana ing kita.


Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengane, mangka laku kita ana ing pepeteng, dadi kita goroh lan ora nglakoni ing kayekten.


Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten.


Anggon kita wus padha wanuh Gusti Allah iku titikane yaiku manawa kita padha netepi ing pepakone.


Sing sapa duwe ujar yen dumunung ana ing pepadhang, mangka sengit marang sadulure, iku isih dumunung ana ing pepeteng kongsi saprene.


Marga saka iku sok wonga kang tetep ana ing Panjenengane, iku ora gawe dosa maneh, sok wonga kang tetep gawe dosa, iku ora weruh lan ora wanuh marang Panjenengane.


Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?


Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan