Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.
Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.
Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.
He, para bapa, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh marang Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.
Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.
Marga saka iku sok wonga kang tetep ana ing Panjenengane, iku ora gawe dosa maneh, sok wonga kang tetep gawe dosa, iku ora weruh lan ora wanuh marang Panjenengane.
Para kekasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku pinangkane saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang nindakake katresnan, iku laire saka ing Gusti Allah lan wanuh karo Gusti Allah.
Si naga tumuli nepsu banget marang sang wanita, banjur lunga merangi turune liyane, kang padha netepi pepakoning Allah lan ngantepi ing paseksene Gusti Yesus,
Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.