Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 2:21 - Kitab Sutji

21 Anggonku nulis layang marang kowe, iku ora marga kowe ora sumurup ing kayekten, nanging malah marga kowe sumurup marang bab iku lan marga saka kowe wus padha nyumurupi uga, yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 2:21
9 Iomraidhean Croise  

wong kang wicaksana, becik ngrungokna, supaya wuwuh ngelmune, lan wong kang duwe pangreten supaya oleh bab-bab kang kena kanggo tetimbangan –


Sang Pilatus banjur ngandika: “Dados punapa Panjenengan punika inggih ratu?” Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan sampun mastani, bilih Kula punika ratu. Inggih punika prelunipun Kula lair lan inggih punika prelunipun Kula dhateng donya, supados Kula neksenana ing kayektosan; sinten tiyang ingkang aslinipun saking kayektosan mesthi mirengaken swara Kula.”


Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.


He para sadulur kang daktresnani, elinga marang bab iki: saben wong dienggal manawa ngrungokake, nanging disareh manawa calathu, mangkono uga ditamban manawa nepsu;


Mulane aku tansah bakal ngelingake kowe marang bab iku mau kabeh, sanadyan kowe iya wis padha sumurup sarta wis padha santosa ing sajrone kayekten kang wus koktampani.


Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.


Nanging sanadyan kowe wis padha ngreti sarta ora mangu-mangu tumrap iku kabeh, aku kapengin ngelingake kowe, manawa Pangeran iku pancen ngentasake umat kagungane saka ing tanah Mesir, nanging sabanjure numpes kang padha ora pracaya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan