I YOKANAN 2:20 - Kitab Sutji20 Balik kowe iku wus padha kajebadan dening Kang Suci, marga saka mangkono kowe padha nyumurupi samubarang. Faic an caibideil |
Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,
inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.
Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang – lan piwulange iku nyata, ora goroh – lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.