Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 2:2 - Kitab Sutji

2 Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 2:2
17 Iomraidhean Croise  

Nanging wedhus kang katiban undhi kanggo Azazel, iku diajokna isih urip ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kagawea srana nganakake pirukun, nuli diuculna menyang ing pasamunan kanggo Azazel.


Bature tumuli matur: Bendara, sadaya dhawuh panjenengan sampun kalampahan, ewasamanten papanipun taksih tirah.


Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.


dene Aku, samasa wus kasengkakake saka ing bumi, Aku bakal nggendeng sakabehing wong supaya padha rumaket marang Aku.”


lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”


Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.


Panjenengane piyambak wis ngrembat dosa kita ing sarirane ana ing kayu salib, supaya kita sawise mati pisah saka dosa, padha urip cumadhang ing kayekten. Marga saka bilur-bilure kowe wus padha rahayu.


Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,


Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.


Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta Panjenengane iku ora kadunungan dosa.


Katresnan iku mangkene: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.


Anadene aku iki wus padha ndeleng lan nekseni yen Sang Rama wus ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagad.


Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila.


Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan