Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 2:19 - Kitab Sutji

19 Asale Anti-Kristus iku pancen saka ing antara kita, nanging sanyatane padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadia panunggalan kita, mesthi padha tetep nunggal karo kita. Nanging kelakone iku supaya tetelaa yen dheweke ora kabeh nyata dadi panunggalan kita.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 2:19
30 Iomraidhean Croise  

Sanadyan mangkono wong mursid lestari lumaku ana ing dalane, sarta wong kang resik tangane saya mundhak santosa.


amarga Sang Yehuwah nresnani kaadilan, lan ora bakal negakake marang para kang kinasihan. Malah padha direksa ing salawase, nanging para turune wong duraka padha ditumpes.


“Wong iku wis kecandhak ing lelara kang mbebayani, anggone ngleleh ora bakal bisa tangi maneh.”


Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.


Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.


Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyode, anggone pracaya mung sadhela lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad.


Saben pang kang ana ing Aku kang ora metu wohe, dipagas lan kang metu wohe, diresiki, supaya mundhaka akeh wohe.


nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”


Kula sampun sami mireng, bilih wonten tiyang sawatawis panunggilan kula, ingkang sami damel kejoting panggalih saha damel kuwur panjenengan kalayan piwulangipun, mangka boten sami kula weling.


Malah saka ing antaramu bakal ana wong kang padha muncul lan mulangake bab kang sulaya, pamurihe supaya bisa nggendeng para siswa saka ing dalan kang bener tuwin banjur padha ngenut marang wong-wong mau.


Ewadene pangandikane Gusti Allah iku mokal yen wurunga. Awit ora saben trahe Israel iku wong Israel,


Awit ing antaramu pancen kudu ana pasulayan, supaya ing mengko katitika sapa saka ing antaramu kang padha tumemen.


Ana wong dursila kang padha jumedhul saka ing antaramu kang wus padha nasarake wong-wong ing kuthane, kalawan pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi,


Mulane aku nglakoni iku kabeh kalawan sabar kanggo para pepilihane Gusti Allah, supaya iku iya padha oleh karahayon ana ing Sang Kristus Yesus kalawan kamulyan kang langgeng.


Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”


Nanging wis mesthi yen wong-wong mau ora bakal padha bisa tulus, amarga kayadene Yanes lan Yambres, samono uga kabodhoane wong-wong mau bakal luwih dening cetha tumrap wong kabeh.


Balik mungguh kita iki dudu panunggalane wong-wong kang mundur sarta nemahi karusakan, nanging kang padha pracaya lan kang kapitulungan nyawane.


Awit wus akeh juru panasaran kang padha jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh, kang ora ngakoni manawa Gusti Yesus wus rawuh dadi manungsa. Iku si juru panasaran lan Anti-Kristus.


Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.


Wong iku kang padha njalari cecongkrahan, kang mung dikuwasani dening pepenginan-pepenginan ing donya iki, lan uripe ora kadunungan Roh Suci.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan