Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 2:16 - Kitab Sutji

16 Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 2:16
34 Iomraidhean Croise  

Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.


para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.


“Aku wus gawe prajanjian kalawan mripatku, mulane mangsa yen aku ngantia mandeng marang prawan!


Mulane padha akalung piangkuh, tuwin panganggone arupa panganiaya.


Malah padha nyoba marang Gusti Allah ing sajroning atine yaiku anggone nyuwun pangan kanggo nguja hawa-napsune.


Nalika isih padha rumangsa durung wareg, sarta pangane isih ana ing cangkeme;


Jagading wong mati lan karusakan iku ora wareg-wareg, mangkono uga mripate manungsa iya ora marem-marem.


Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu, aja nganti ketarik dening idepe.


Sang Prabu banjur nglairake pangandika mangkene: “Apa iki dudu Babil kang gedhe, kang wus ingsun bangun dadi kutha karajan kalawan kakuwataning pangwaosingsun lan kanggo kaluhuraning kamulyaningsun?”


Awit saka iku panggonan kono katelah aran: Kibrot-Taawa, marga ana ing kono anggone padha ngubur wong-wong kang srakah.


Anadene wong rucah kang ana ing antarane padha kathukulan budi srakah, temahan wong Israel banjur katut nangis maneh, pangucape: “Sapa kang bakal menehi daging marang aku?


Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,


Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduweni krenteg marang dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.


Iblis tumuli nambut Gusti Yesus munggah ing papan kang dhuwur sarta banjur nedahake krajan ing jagad marang Panjenengane ing sakedhap netra.


Nanging padha ngrasuka Gusti Yesus Kristus (minangka gegamaning pepadhang) lan aja mung ngopeni kadaginganmu kanggo kamaremaning pepenginane.


Kabeh iki mau wis kalakon minangka tuladha lan pepeling tumrap kita, supaya kita aja nganti padha kapengin marang piala, kaya kang wus katindakake dening wong-wong mau,


Awit pepenginane daging iku nyulayani marang Roh lan karsane Roh iku nyulayani marang daging – awit sakarone padha lelawanan – temahan kowe saben-saben ora nindakake apa kang kokkarepake.


Lan sapa kang dadi kagungane Sang Kristus Yesus, iku wus nyalib daging dalah sakabehing hawa nepsu lan pepenginane.


Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.


Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwea laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki,


Amarga ing maune urip kita iya padha tanpa budi: wangkal, nasar, kawengku ing hawa-nepsu rupa-rupa lan kapencut, laku kita nuruti piala lan drengki, rusuh, sengit-sinengitan.


Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.


Nanging saikine sing kokegungake iku umukmu. Sarupane gumunggung kang kaya mangkono iku luput.


ing antawisipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”


Uripmu dikaya bocah kang mbangun-turut, aja nuruti hawa-nepsu kang misesa kowe nalika kowe isih padha bodho.


He, para kekasih, kowe kang kaya wong mondhok lan wong neneka, padha dakpituturi supaya padha ngedohana kapencuting daging kang padha perang nglawan nyawamu.


luwih maneh wong kang padha nuruti hawa-nepsune marga kepencut ing jejember sarta ngremehake pangrehing Allah. Wong-wong iku padha kumawani sarta gumunggung, nganti tanpa rikuh pakewuh nyenyamah marang kaluhuran,


Jalaran wong-wong iku padha ngucapake tetembungan kang gumunggung nanging kothong, sarta migunakake hawa-nepsune kang tumuju ing laku bedhang kanggo mbebujuk marang wong kang lagi bae sumingkir saka ing wong-wong kang kesasar uripe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan