“Dhuh Sang Yehuwah, sanadyan duraka kawula sadaya sami nggigat kawula, mugi Paduka karsaa paring pambiyantu dhumateng kawula, margi saking asma Paduka! Awit kathah panasar kawula, kawula sami damel dosa wonten ing ngarsa Paduka.
Inggih Panjenenganipun punika ingkang dipun sekseni para nabi sadaya, bilih sinten ingkang pitados dhateng Panjenenganipun, badhe tampi pangapuntening dosa margi saking asmanipun.”
Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”
Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.
Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.
Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.
He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.
Anggonku nulis layang marang kowe, iku ora marga kowe ora sumurup ing kayekten, nanging malah marga kowe sumurup marang bab iku lan marga saka kowe wus padha nyumurupi uga, yen sabarang kang goroh iku ora ana kang asale saka ing kayekten.
He, para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kowe wiwit wiwitan mula. Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu.