Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 2:1 - Kitab Sutji

1 He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 2:1
47 Iomraidhean Croise  

Padha sumurupa yen Sang Yehuwah wus milih kang dadi kekasihe; Sang Yehuwah karsaa midhangetake samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.


Nanging manawa sira ngelingake marang wong mursid iku supaya aja nglakoni dosa, lan iya ora nganti gawe dosa, iku bakal lestari urip, amarga gelem nampani pepeling, dene sira wus nguwalake nyawanira.”


He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.


Samubarang kabeh wis kapasrahake marang Aku dening RamaKu lan ora ana wong kang sumurup sang putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga Sang Rama iku sapa, kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharan dening Sang Putra, marga saka keparenging panggalihe.”


kayadene Sang Rama anggone tepang marang Aku sarta Aku wanuh marang Sang Rama, sarta Aku ngetohake nyawaKu kanggo wedhus-wedhusKu.


He, anak-anakKu, anggonKu tunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu, kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.


Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowe bakal padha diparingi Sang Juru Panglipur liyane, supaya Panjenengane nunggala karo kowe,


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.”


Sawuse mangkono Gusti Yesus mrangguli wong mau ana ing Padaleman Suci, banjur dipangandikani: “Kowe wus waras, aja gawe dosa maneh, supaya kowe aja nganti kataman kang luwih banget.”


Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.


Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


Unjuke wong wadon mau: “Boten wonten, Gusti.” Pangandikane Gusti Yesus: “Aku uga ora ngukum kowe. Lungaa, lan wiwit saiki aja gawe dosa maneh!”


Nabi-nabi punika pundi ingkang boten dipun kaniaya dening leluhur sampeyan. Malah sami mejahi tiyang-tiyang ingkang langkung rumiyin memeca bab rawuhipun Sang Sunyata, ingkang sapunika sampun sampeyan cidra lan sampeyan sedani.


Sabab, manawa ing nalikane kita isih padha dadi satru wus karukunake kalawan Gusti Allah dening sedane Kang Putra, mendahane maneh saiki sawise karukunake, mesthi kita bakal kapitulungan rahayu awit saka gesange.


Tumuli kapriye? Apa kita banjur padha nglakoni dosa marga ora kawengku ing angger-anggering Toret, ananging kawengku ing sih-rahmat? Babar pisan ora!


Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang malah dadi pangemban kita?


Padha dieling maneh kang temenan lan aja gawe dosa maneh! Sabab ing antaramu ana kang ora wanuh marang Gusti Allah. Bab iki daktuturake, supaya kowe padha rumangsa isin.


Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.


He anak-anakku, iya marga saka kowe aku ngrasakake lara kaya nglarani maneh, nganti Sang Kristus maujud cetha ana ing kowe.


awit iya marga saka Panjenengane iku kita sakarone ana ing Roh siji padha oleh dalan marang ing ngarsane Sang Rama.


Manawa kowe nepsu aja nganti gawe dosa: srengenge aja nganti angslup sadurunge nepsumu ilang


Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kita ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus,


Kabeh iku mau dakpacak ana ing layangku marang kowe, sanadyan pangarep-arepku bisaa enggal nekani kowe.


Sabab Sang Kristus ora mlebet ing sajroning pasucen gaweaning tangane manungsa kang mung dadi gegambarane kang sejati, nanging mlebet ing swarga piyambak prelu sowan ing ngarsane Gusti Allah kanggo kapreluan kita.


Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.


Kalawan ilat kita memuji marang Gusti Allah, Rama kita, sarta kalawan ilat kita nyupatani manungsa, kang katitahake manut citraning Allah,


Panjenengane iku kang ora gawe dosa sarta ing tutuke ora tinemu ana cidrane.


Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,


He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.


Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta Panjenengane iku ora kadunungan dosa.


He, anak-anakku, kowe aja gelem disasarake dening sapa bae. Sapa kang nindakake kayekten iku kadunungan kayekten, padha kaya Panjenengane iya asipat kayekten.


He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.


Sakabehing piala iku dosa, nanging ana dosa kang ora nekakake pati.


He, anak-anakku, sing padha waspada marang sakehe brahala.


Tumrape aku ora ana kabungahan kang gedhene ngluwihi anggonku krungu, manawa anak-anakku padha urip ana ing kayekten.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan