I YOKANAN 1:8 - Kitab Sutji8 Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten. Faic an caibideil |
Nabi Yesaya matur pitakon maneh: “Punapa kemawon ingkang sampun dipun tingali wonten ing kraton dalem?” Sang Prabu Hizkia mangsuli, pangandikane: “Sadaya ingkang wonten ing kraton kula sampun sami dipun tingali. Boten wonten barang ingkang boten kula tedahaken dhateng tiyang-tiyang punika, ingkang wonten ing pasimpenan kula.”
Bapakmu iku Iblis, lan kowe padha seneng nglakoni kasenengane bapakmu iku. Dheweke dadi tukang mateni wong wiwit wiwitan mula, sarta ora ngandhemi ing kayekten, awit kayekten iku ora dumunung ing dheweke. Samasa dheweke ngucapake goroh, pangucape iku saka wateke dhewe, amarga dheweke iku tukang goroh lan bapakne sakabehing goroh.