Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?
Gusti Yesus tumuli ngandika: “Pepadhang iku ana ing kowe mung kari sagebyaran bae. Sasuwene pepadhang iku ana ing kowe, pracayaa marang dheweke, supaya kowe aja nganti kesaput ing pepeteng, sing sapa lumaku ana ing pepeteng, iku ora weruh menyang ngendi parane.
Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”
Mangka kowe padha ora wanuh marang Panjenengane, nanging Aku kang wanuh. Saupama Aku munia yen ora wanuh, Aku dadi wong goroh padha kaya kowe. Nanging Aku wanuh marang Panjenengane, sarta netepi ing pangandikane.
nuli ana panunggalanmu kang nuturi mangkene: “Wis mangkata, daksangoni slamet, nganggoa sandhangan kang anget sarta mangana sing wareg.” Nanging ora menehi kang dadi kabutuhane badane, iku paedahe apa?
Nanging bisa uga ana kang muni mangkene: “Kowe iku kang nduweni pracaya, aku iki nduweni panggawe.” Aku bakal mangsuli: “Mara tuduhana pracayamu kang tanpa panggawe iku, sarta kowe bakal daktuduhi pracayaku saka panggawe-panggaweku.”
Kang wus padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakake marang kowe, supaya kowe uga bisaa tetunggalan karo aku kabeh. Lan anggonku padha tetunggalan iku karo Sang Rama lan karo Sang Putra, Gusti Yesus Kristus.
Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?