Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 1:4 - Kitab Sutji

4 Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 1:4
10 Iomraidhean Croise  

Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.


Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ing kowe lan kabungahanmu dadia sampurna.


Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.


Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan.


Ora marga saka anggonku kapengin mrentah, apa kang kudu kokpracaya, awit pracayamu santosa. Nanging aku padha kapengin melu mbiyantu nenangi ing kabungahanmu.


sarta bisa ngawruhi marang sihe kang ngungkuli sakabehing kawruh iku. Aku ndedonga, supaya padha kapenuhan ing kasampurnaning Gusti Allah.


He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.


Sanadyan akeh kang prelu daktulis ing layang marang kowe iki, mung bae karepku aja lantaran dluwang lan mangsi, nanging pangarep-arepku bakal nekani kowe, banjur rerasanan adu arep karo kowe kabeh, supaya bungah kita bisa katog.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan