Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I YOKANAN 1:10 - Kitab Sutji

10 Saupama kita padha ngaku ora gawe dosa, dadi padha nganggep Panjenengane dora, sarta pangandikane ora dumunung ana ing kita.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I YOKANAN 1:10
12 Iomraidhean Croise  

Manungsa iku mangsa yen suci, lan mangsa yen asipat bener kang lair saka wong wadon iku!


Manawa ora mangkono anane, sapa kang wani madoni aku lan ngapesake tembungku?”


Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang, dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun?


ewadene sira ngucap: Aku ora gawe dosa! Pancen bebendune wus sumingkir saka aku! Lah, Ingsun arep ngajokake sira menyang ing pangadilan, awitdene sira ngucap: Aku ora gawe dosa!


Sapa kang nampani ing paseksene iku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata.


Muga pangandikane Sang Kristus dumunung ana ing antaramu kalawan luber, satemah anggonmu padha wuruk-winuruk lan eling-ingelingake nganggo sakehing kawicaksanan apadene sinambi nglagokake masmur lan puji-pujian sarta kidung kasukman, kowe padha saos sokur marang Gusti Allah sajroning atimu.


Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten.


He, bocah-bocah, anggonku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Sang Rama. He, para bapa, aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, aku nuis layang marang kowe, amarga kowe padha santosa, sarta pangandikane Gusti Allah dumunung ana ing kowe, lan kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.


Sing sapa duwe ujar: “Aku wanuh karo Panjenengane,” mangka ora netepi ing pepakone, iku wong goroh lan ora kadunungan kayekten.


He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.


Sapa kang pracaya marang Putraning Allah, iku nduweni paseksen mangkono ana ing batine. Sapa kang ora pracaya marang Gusti Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel marang paseksen kang wus dilairake dening Gusti Allah bab ing ngatase Kang Putra.


marga saka kayekten kang tetep dumunung ana ing kita lan bakal nunggal karo kita nganti salawas-lawase.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan