I SAMUEL 9:9 - Kitab Sutji9 Dhek biyen, ing antarane wong Israel, samangsa ana wong kang arep nyuwun pitedahe Gusti Allah, iku ngucap mangkene: “Payo padha sowan marang wong sidik,” awit nabi kang saiki iki dhek biyen disebut: wong sidik. – Faic an caibideil |
Sang Yehuwah wus ngengetake wong Israel lan wong Yehuda lumantar sakehing nabi lan sakehe wong sidik: “Sira padha balia saka ing dalan-dalanira kang ala iku lan lestaria padha nindakake dhawuh lan pranataningSun, laras kalawan sakehing angger-angger kang wus Sunparingake marang para leluhurira kang wus Sunparingake lumantar para abdiningSun, para nabi.”