Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 9:3 - Kitab Sutji

3 Kisy, bapakne Saul mau kelangan kuldi-kuldine wadon, mulane ngatag marang Saul, anake: “Ngajaka batur salah siji, cecepaka lan mangkata nggolekana kuldine.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 9:3
7 Iomraidhean Croise  

Putrane kakung telung puluh, kang padha nunggang kuldi lanang telung puluh, sarta padha ndarbeni kutha telung puluh, kang katelah saprene karan Hawot-Yair, prenahe ana ing tanah Gilead.


Kowe, kang padha nunggang kuldi wadon putih, kang padha lungguh ana ing babud, kang padha lumaku ana ing dedalan, wartakna prakara iku!


Lan pamane celathu marang Saul lan bature: “Kowe padha saka ngendi?” Wangsulane: “Ngupadosi kuldi-kuldi punika, nanging sareng boten wonten katingal, kula sami sowan ing ngarsanipun Nabi Samuel.”


Samangsa ing dina iki kowe mangkat saka kene, kowe bakal kapethuk karo wong loro ing sacedake pasareane Ibu Rakhel, ing tlatah Benyamin, ing Zelzah. Iku bakal tutur marang kowe: Kuldi-kuldi kang kokgoleki iku wis ketemu; lan bapakmu ora mikir marang kuldine maneh, nanging genti nyumelangake marang kowe, pangucape: Kapriye akalku kanggo anakku iki?


Wong mau duwe anak lanang, jenenge Saul, isih enom lan bagus rupane; ora ana wong siji bae saka antarane wong Israel, kang ngungkuli baguse; dhuwure ngungkuli wong sabangsane kabeh, kabeh mung sapundhake.


Dene kuldimu kang wis ilang saprene wis telung dina, ora susah kok sumelangake, amarga wis ketemu. Nanging sapa kang ndarbeni apa kang dikarepake wong Israel? Iku kabeh rak tinemu ana ing kowe lan sakehe kulawargamu?”


Nuli padha budhal njlajahi pagunungan Efraim, lakune uga ngliwati tanah Salisa, nanging kuldine ora ketemu. Banjur njlajahi tanah Sahalim, nanging kuldine iya ora ana; wusana njlajahi tanah Benyamin, nanging uga ora ketemu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan