Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 8:9 - Kitab Sutji

9 Mulane turutana panyuwune, mung bae elingna temenan lan cethakna mungguh wewenange ratu, kang bakal ngereh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 8:9
10 Iomraidhean Croise  

Amarga Ingsun wus mawanti-wanti ngelingake marang para leluhurira, nalika padha Sunluwari saka ing tanah Mesir, tumeka saprene Ingsun tansah ngelingake: Rungokna dhawuhingSun!


Manawa Ingsun ngandika marang wong duraka: Sira mesthi bakal kaukum pati! – mangka sira ora ngelingake wong iku lan ora kandha apa-apa marang wong duraka iku kanggo ngelingake supaya mbuwanga lakune kang ala, amrih bisane lestari urip – wong iku bakal mati marga saka dosane, nanging getihe bakal Suntempuhake marang sira.


Raja aja nganti nyahak tanah pusakaning rakayt, satemah padha kesuk saka ing tanahe iku; mung duweke dhewe kang kena kawarisake marang anak-anake, supaya umatingSun aja nganti ana kang kesuk saka ing tanah pusakane.”


Nabi Samuel banjur ngandharake marang wong akeh bab wewenange karajan kang nuli katulisan ana ing piagem lan diselehake ana ing ngarsane Sang Yehuwah; sawise iku Nabi Samuel dhawuh marang wong sabangsa kabeh supaya padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe.


Pangandikane Nabi Samuel marang sakehe wong Israel: “Sakehing panyuwunmu, kang kokaturake marang aku, wis dakturuti lan aku wis njumenengake ratu kang ngereh kowe.


Salawase Sang Prabu Saul jumeneng nata tansah ana paprangan kang nggegirisi nglawan bangsa Filisti. Lan sakehe pahlawan sarta wong kang gagah prakosa padha kadadekake prajurite.


utawa watesing wewenange para imam tumrap para bangsa iku. Saben ana wong nyaosake kurban sembelehan, nalika daging mau diolah, bature imam nggawa cukit kang cawang telu,


Ora siwah karo kang ditandukake marang ingsun, wiwit nalika Sunentasake saka ing tanah Mesir tumeka saprene, yaiku anggone nyingkur marang Ingsun lan ngabekti marang allah liyane, mengkono uga kang katandukake marang sira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan