Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 8:4 - Kitab Sutji

4 Mulane para tuwa-tuwane Israel padha ngumpul banjur sowan marang ngarsane Nabi Samuel ing Rama,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 8:4
8 Iomraidhean Croise  

Ing wektu samono Senapati Abner rerembagan karo para tetuwane Israel, pangandikane: “Sampun sawatawis dangu panjenengan ngersakaken supados Sang Prabu Dawud jumeneng ratu ngerehaken panjenengan.


Dadine sakehe para tuwa-tuwane Israel padha seba ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron; Sang Prabu banjur nganakake prajanjian karo para wong iku ana ing Hebron, ing ngarsane sang Yehuwah; wasana padha njebadi Sang Prabu Dawud dadi ratu mengku Israel.


Gusti Allah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sira lan Harun, Nadab lan Abihu apadene para tuwa-tuwane Israel wong pitung puluh, nuli padha sujuda saka ing kadohan.


Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.


Esuke wayah umun-umun padha tangi nuli sujud manembah ana ing ngarsane Sang Yehuwah, wasana banjur padha bali mulih menyang ing Rama. Nalika Elkana nunggal turu karo Hana, bojone, diengeti dening Sang Yehuwah.


Ature para tetuwane wong Yabesy: “Kawula nyuwun inah pitung dinten, supados kawula saged nyebar kengkenan dhateng sawewengkonipun Israel sadaya; manawi boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang ngluwari kawula, kawula badhe medal asrah bongkokan dhumateng panjenengan dalem.”


Nuli kondur menyang ing Rama, amarga daleme ana ing kono, lan saka ing kono anggone ngereh wong Israel, lan ana ing kono panjenengane yasa misbyah kagem Sang Yehuwah.


Lan Nabi Samuel ngluntakake sakehing pangandikane Sang Yehuwah marang bangsa, kang padha nyuwun ratu iku,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan