Pangeran Absalom ngandika maneh: “Saupama aku ditetepake dadi hakim ana ing nagara kene! Sadhengah wong kang duwe prakara utawa padudon miturut pranatan, kena sowan marang ngarsaku lan bakal dakadili prakarane.”
Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sapuluh.
Sarta sapa sumurup, wong iku wicaksana apa bodho? Sanajan mangkono wong iku bakal ngwasani apa kang wus katindakake kalawan rekasa lan kawicaksanan ana ing sangisoring langit. Iku uga tanpa paedah.
Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau.
Wong kang urip ing sajroning kabeneran, kang tembung-tembunge jujur, kang nampik kauntungan, wohing pameresan, kang ngipatake tangane supaya aja nampani besel, kang nutupi kupinge supaya aja krungu rancangan bab ngwutuhake getih, kang ngeremake mripate, supaya aja sumurup piala,
Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita! Kita ora bakal katekan bilai!”
Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.
Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.
Dene saiki ratu iku kang dadi pemimpinmu; lan aku iki wis tuwa lan uwanen, apadene anak-anakku lanang rak ana ing antaramu? Aku mimpin kowe wiwit nonomanku tumeka saprene.
Lah Ingsun bakal ngadegake Imam kang kena dipracaya, kang lakune condhong karo panggalihingSun, lan karo jiwaningSun, lan Ingsun bakal nuwuhake turun kang setya tuhu, temah iku bakal urip ana ing ngarepe kang Sunjebadi.